Senin, 07 Maret 2011

Mirengake Kitab Suci Al Qur'an

Assalamu'alaikum wr wb

Bismillahirrohmanirrohiiim,Alkhmdhulillahirabbil 'alamiin.Wabihihi nas ta 'inu 'alaa umurridunya waddzin...La haula wa la Quwata illa billah.Wasubhanallahhirobil 'alamin.



Suosono ingkang indah,cerah,terang benderang saat meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh SWT.Ingkang sampun paring Rahmat,Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat meniko,kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis ingkang mubarok.

Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW,soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.Amin

Poro pamiarso ingkang tansah dimuliake dening gusti Allah swt

Kisah lelampahipun manungso gesang wonten ing alam dunia menuju dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang lagi nyebrang lautan,pinuju wonten ing pantai.Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu pinuju pantai (pelabuhan),sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang.Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan lan rintangan.Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup.Kadang-kadang badai lan gelombang menggelegar ombak menyeberang.Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi,utawi boten gadah gondelan ingkang kukuh,saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing tengah-tengah lautan.Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat.Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan.Kadang-kadang tiang gesang meniko dipun coba kalian Alloh di cubo kemiskinan,ekonomi kirang mencukupi,kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko,Alloh sampun nurunaken kitab Al-Qur’an,ingkang supados damel pedoman gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat.Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :
Sa’temene Ingsun(Allah Swt) sampun nurunake Al-Qur’an,sa’temene Ingsun(Allah Swt) tetep jogo marang Al-Qur’an."

Ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89

Ingkang artosipun :

Lan Ingsun(Allah Swt)nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge panjelasake sekabehe perkoro.Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang Islam” (QS. An-Nahl : 89).

Pramilo saking meniko monggo lewat "Alqur'an On Line"niki,kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sring mahos sring mahos Al-Qur’an lan kito hayati utawi makna ingkang terkandung wonten sak lebetipun Al-Qur’an.Selajeng kito to’ati nopo ingkang dipun perintahaken Alloh wonten Al-Qur’an.Lan kito tebihi nopo ingkang dipun larang dening Alloh wonten Al-Qur’an.Supados gesang kulo lan panjenengan sedoyo saget wilujeng wonten ing dunyo lan akhirat.Shoho nampi kabekjan wonten dunia lan akhirat.Amin-amin yaa Robbal alamin.

Kintenipun namung mekaten ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun sedoyo kalepatan kulo nyuwun agungipun pangapunten.

Masang pulut nang nduwur cemoro

Menawi luput nyuwun sih agunge pangapuro

Wassalamu'alaikum wr wb